Rabu, 05 Maret 2014

2 maret 2014

Lagi jalan sama amma, lagi telpon line sama radiz. Tiba-tiba ada telpon masuk dari pae. 
R: halo. 
P: halo. 
R: piye pak? 
P: hora piye-piye. Piye?
R: loh piye? Kok telpon gene?
P: piye wingi wawancarane?
R: a wes bar. Durung pengumuman tapi yo durung ngerti. 
P: kapan pengumuman?
R: ngko pertengahan nek ra akhir maret. 
P: hooo. terus piye? Iki iseh nek osaka?
R: ora. Wes mbalek sasebo neh iki. Iko sesuke langsung balik. 
P: hooo. Lagi lapo?
R: meh nggolek mangan. 
P: ra masak?
R: ora. 
P: meh mangan opo?
R: yo sing cerak-cerak kene ah. Hehehe. 
P: iki wes nek njobo?
R: iyo iki lagi nek ndalan. 
P: dewekan?
R: karo amma. 
P: oh yo wes ya ka. Dilanjut mlakune. 
R: yo. Dongakno ya pak. 
P: yo. Wes ya. 
R: yo. 
P: assalamu'alaikum. 
R: wa'alaikumsalam. 

Ya gitu kalo ngomong. Nggak pernah pake basa krama. Hahahaha. 

Terus telpon radiz lagi. 
Terus ada telpon lagi dari pae. Terus belum sempet aku angkat, mati. Gantian aku yang telpon. 
R: halo. 
P: halo. 
R: gene pak?
P: ra gene-gene ah. 
R: lah kok telpon?
P: miskol tok iku. 
R: hahaha. Lah gene kok miskol?
P: kan aku mou tuku pulsa 10ewu. Tak nggo telpon kuwe ntek piro tak cek ntek 6000. 
R: heee larang ya. 
P: yo ora ah. Timbang kuwe muleh malah ntek pirang njuta?
R: hahaha iyo. terus kok miskol?
P: iyo kan sisane berati iseh 4ewu. Rumangsaku ra iso nggo telpon rono. Eh iseh iso ya bakune. Mek pengen ngerti iku tok. 
R: oh. Hahaha. Ra ono opo-opo iki?
P: iyo. Hahaha
R: hahaha. Yowes. 
P: yowes. Pateni a. Larang. 
R: ora. 
P: wes a. Mou jare meh nggolek mangan?
R: iyo
P: yowes a pateni. 
R: yo wes. Assalamu'alaikum. 
P: wa'alaikumsalam. 




Lucu ya pae. Ini telpon dari pae yang ketiga kali selama aku di jepang. Setelah aku inget-inget, pae sms sih setelah aku wawancara, malem jam setengah 12. Aku juga mau bales tapi udah ngantuk banget jadi kayaknya langsung bablas tidur. Terus besoknya juga lupa lagi nggak bales. Haaaah anak macam apa ini. Akhirnya dua hari setelahnya pae telpon. Hw



Tidak ada komentar:

Posting Komentar