Minggu, 09 Februari 2014

Liburan. Entah natsu entah haru. Antara 2010-2012. Nggak inget kapan tepatnya, yang jelas aku lagi di rumah. 
I: buk. Sak iki ono program jenenge indonesia mengajar. Cah-cah kuliahan do prei sek ko kuliahe, ngajar nek nggon terpencil. Macem-macem critane. Ono sing diapiki. Ono sing dimusuhi karo guru-guru sing nek kono. 
B: yo ngono iku. Kadang nek ono sing anyar-anyar ki wong kawakan do ra seneng. 
I: akeh buk bakune nggon terpencil. Nek jawa barat ae ono. Nek meh rono angele pol. Dalane elik. Ra iso numpak montor. Padahal podo2 jowo kok ngono ya. 
B: hoo. 
I: buk aku suk kepengen ngono. Lah?
B: yo lah ah. Dak sediluk a iku?
I: nek programe iku setaun. Tapi aku pengene suwi. Aku pengen kerjo koyok ngono. Ngajar nek nggon terpencil-terpencil. Gurune iseh arang-arang. Adoh ko ndi-ndi. 
B: gene?
I: sak-ake bocah-bocah nek kono buk. Aku pengen bocahe pinter. Lah buk?
B: lah kuwe ra sak-ake awakem dewe?
I: kok sak-ake?
B: yo adoh ko ndi-ndi. Nggolek opo-opo angel. 
I: lah. Ra popo. 
B: tenan iku? Anakem piye? 
I: ra popo. 
B: tenanan po ra. Nek iso yo ra sah ngono. Dipikir tenanan. Angel iku. 
I: yo tak pikir. 



Bue ketoke ra tego. Aku padahal ra popo. 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar