Rabu, 03 September 2014

B: eh ka iki kok teronge iseh, jamure iseh, urange iseh, tahu tempene iseh kabeh durung ono sing dimasak. Rumangsaku muleh wes mateng kabeh malah iseh mentah kabeh iki bakune. 
R: hehehe iyo buk. Iki tak masake. 



B: iki lho kacang ijone wes mateng. Anget-anget iki loh wes tak jipukno iki. 
R: iyo. Aku pengen mangan sego tapi. 
B: yo wes a mangan sego. Iku lebokno neh nek pancine balekno. 
R: eee gak sah gak sah tak pangan ae. 




B: iki lho pastele kari 5 ra mbok ntekno?
B: iki ager-agere kari sitik ndang dintekno sisan. 
R: haa ra kudu mangan iku. Wareg. 



B: mangan a ka. Wes mateng mou jamurem jare meh mangan jamur. 
R: iyo. Eh buk lepete rung tak pangan. 
B: loh masaku wes ntek kabeh. 
R: durung kalong. 
B: lah ndek esok mangan opo?
R: aku mangan getuk sasa mangan cetot. 
B: lah cetote dak mek siji. 
R: iyo. 
B: wes agea ndang mangan. 
R: lepet ae ya. 
B: jare jamur? Karo urang barang iko. 
R: iyo karo jamur karo urang. 
B: lepete legi lho ka. 
R: iyo legi, enak. 
B: karo jamur?
R: iyo hehehehe



B: ka kaaaa. Iki loh bakule teko. Mileh opo kuwe?
R: wareg og buk. 
B: wes tak undang kon mandeg e. Agea mileh opo?
R: cucur
B: cucur tok?
R: iyo
B: ho
R: lah kok akih.  Cucur, ketan, klepon. Jare cucur kok. 
B: yo wes a pangan. 




R: buk ngeleh. 
B: mangan a. Kuwe mou sedino rung mangan sego a. 
R: ngantuk tapi. 
B: hii mripate cilik e ra iso melek. 
R: piye buk ngantuk neng ngeleh neng ngantuk neng ngeleh. 
B: mangan a. Mangan sego. 
R: haaa aku mangan anggur ae iki 
B: gak sido mangan ka?
R: wes ngene anggur. 
B: gak ngeleh?
R: gak. 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar